Nyuwun Berkah Pangestune Ibu

Siswo panyidang
Seri wejangan jawa

Syurga ada dibawah telapak kaki ibu ....
Uripmu Sentoso lan mulyo , nganti tekane bali. Yen koe wis ngabekti marang kanjeng ibu lan dipangestoni ibumu ...

Ojo mbok kiro kiro ro nalarmu yen Syurgo kui panggonan sing kepenak ...
★Siswo Panyidang
Sopo siro gawe bungahe wong tuo , sak mlaku mlakumu ono ing papan dunungmu bakal kepenak ...
Suargomu wis ketok , yo wis cemawis gari awakmu ...
Arep mbok gae susah, opo mbok gae seneng uripmu ...

Wong tuo bakal mangestoni yen putro putrine ki sembah lan bekti marang wongtuone ...

Ojo diukur karo akehe bondo ...
Ning ajenono wong tuo wae kui wus seneng atine ...
Pangestu lan berkahe wong tuo wis ngayomi awake dewe ...
Iki pengalamanku dewe ...
Dadi dudu jarene ...
Sak elek elekke wong tuo wis wajipe anak ki sembah lan ngabekti ....
Yen wong tuo kliru sing wajip mbenerke yo putro lan purtine ....

★Pitulas
Ibu ku wis tilar...mugo tansah keparingan sampurno

★Siswo Panyidang
Rasah dadi gelone sampean kang pitulas ...
sampean gae kamar utowo panggonan sing sekirane kanggo ngokok poto ibu bapak lan poro leluhur liane kang , lha sampean nyakralke dino kanggo maringi tondo sembah bekti ro wong tuo sing ora ono ...
Sukur dicawisi senengane mbiyen opo ??
Karo kopi pait , teh pait , banyu putih ...
Dijawab pas arep nyawiske

Pomo kaki
Podo dipun iling
Ing pitutur ingong
Siro ugo satrio arane
Kudu anteng
Jatmiko ing budi
Ruruh sarto wasis
Samubarang ipun .

Isoho adil marang anak , ajarono anak anak bekti marang ibune ...
Yen bapak ora dibekteni ora popo ...
Yen soko cilik wis ngerti susahe ibuke ...
Nganti gedhe rabakal lali marang ibune ..


Komentar

Postingan populer dari blog ini

KITAB SEMAR

Sang Hyang dan Dewa

KITAB SASTROCHETHO WADININGRAT