Sejarah Kecilku

Seri E S
Wejangan Jawa

Sejarah kecilku = Wktu kecilku saat lihat orang berdoa aku ingin bisa sperti mrka,aku pergi ketempat pakwo buat minta diajari berdoa,pakwo lgi duduk diteras sambil menikmati teh tubruk dan pisang bakar.. 

Aku = mbok tuo nangdi pak..?    

Pakwo = mboh kono mau bar opek banyu.. 

Aku = pakwo uwong2 kae do dongo2 mbok aki yo diajari  dongo mosok aku muk diajari balangi banyu ro ngantemi wet gedang..? 

Pakwo = we kesambet dapuran pring po le ujuk2 jalok wulang dongo,emange dongo isoh dipangan lan go lawuh po,we kuat lan titis balang banyu iku luweh penting isoh tok gae golek mangan lan lawuh,yen tok balangke pitike RTne kae..    

Aku = tenanan iki aku pakwo ..?  

Pakwo = aku ki yo tenanan,wes gk usah neko2 pe sinau dongo2an gk penting iku,kowe lahir ki wes kebak dongo,dadi gk perlu dongo maneh.,  

aku = siji ae lah pakwo gk usah akeh2.,?     

Pakwo =hmmmm. Kuwi manuk kutotku iku uculno seko kurungan lan jagung sisane pakan iku tanduren neng pinggir embong kono..   

Aku = aku ki jaluk dongo kok malah kon nguculke kutot ro nandur jagung pak wo..    

Pakwo = duweku dongo yo koyo iku,iku dongo nglestareke urip lan urupe..  

Aku = dongo sek moco2 sek tk jaluk pak wo..?  

Pakwo =  gk usah blajar dongo sek woco wocoan,pe dadi wong malesan po awakmu,gk penting iku dongo woco2an,muk digae nutupi malese,we nimbake banyu aku ae tk gone ados,kono iki yo dongo,gk usah sek neko2 gae woco2an...



Pakwo gk gelem ngajari dongo2..o aku delikan nguping wong2 sek do dongo opo jane sek diucapke lan digae opo...

Wktu aku liwat omahe pakwo,pak wo lgi nyante neng sor wet pelem,

aku = gk neng tegalan pak..?  

Pakwo = engko bengi ae gari lep kok,kancani aku engko lep.. 

Aku = yo engko tk kancani ro dongo pak,pengen dikancani alloh po tuhan..? Gk tok ajari pinter aku dongo..

Pakwo = tuhan ro alloh iku panganan po mkhluk opo mbok tok kon ngancani lep ki..?  

Aku= embuh pak,wong aku mek ngupeng wong2 sek dongo do jaluk lan gol2ke iku kok.,lha pean knak ora pak ro tuhan lan alloh iku..?

Pakwo = lha aku sek takok kuwi sopo yo jelas ra kenal,nek kowe tako mbah darmo aku kenal., 

Aku = mosok pean gk kenal pak, tuhan ro alloh iku jare moho kuoso,moho memberi,moho tahu pokok men moho lah pak.,   

Pak wo = mbok cobo jalukke aku. Mbakau ki mbakoku gari sitik,sek enak ojo sek mbekok..?

Aku = wes tk cbo mau bengi jaluk iket wulung ro alloh lan tuhan tkan sak iki gong dinei pak wo..?   

Pakwo = hehehehe lha kiro2 arep dinei po ora..?   

Aku = ha embuh pakwo wong tuhan ro allohe gk jawab iyo po ora kok.. 

Pak wo = ijeh apik mbokmu tuo berarti alloh lan tuhan iku,cobo awakmu mau isuk tangi melok mbok tuomu nang pasar ewangi dodolan mesti jaluk udeng wulung ditukoke,wes gae udeng awakmu sak iki..

Aku = lha jane alloh ro tuhan ki sopo pakwo kok do tenanan lan yak yako le do dongo ki,jo manej kok dinei dijwb ae ora..?    

Pak wo = awkmu tau reti aku dongo,embuh dewekan po lgi aweh pitulungan uwong..?  

Aku = ora pak wo,paling muk pean idoni nek bocah2 cilik nek wong sek wes umur paling kon ngombe banyu gentong ngarepan iki..

Pakwo = lha do mari ora wong2 iku.. ?   

Aku = do mari,opo pean dongani sak durunge pean idoni bocah2 iku lan banyu gentong iki yo pean dongani pak wo..?    

Pakwo = wingi kan aku wes omong dongo ki gae males,dadek ke pangarep2 sek gk karo2an ngrusak jasmani.. Ngertio iduku iku pait lan banyu gentong iki tk nei howo murni ku..

Aku = terus wong2 iku sek do dongo ro alloh lan tuhan sek maha memberi lan moho2 liyane piye pak,nek dongoki gae males..?   

Pakwo = wong2 iku lagi do goleki dewosone jarke ae, wong iku hurung do duwe pakem, arep ra dongo wedi dsbt sombong,yen dongo wes jelas gk yakin ro moho memberi,jer sek jenenge moho memberi lan moho tahu gk perlu diucapke lan dijaluk wes mesti ngenei..

Aku = kae aku delok pakde giman dongo bar dongo dibacuki gk tedas pak wo.  

Pakwo = ojo melok2 ngunu iku sbb nyilakake awkmu dewe,olah rogo ae sektenanan ben kuat lan rhoso.. Yen awkmu ki kuat lan rhoso olah rogo 3 dino 3 bengi,arepo kebale koyo opo yo menang awakmu,jer wong iku kebal mergo dongo dijamen males,obah 1jam wes dijamen pedot nafase gari tok tali uwonge tok jeblungke sumur guruki watu.😀

Aku = Pean wani po pakwo ro pakde giman..? 

Pakwo = sak durunge awkmu lahir,po ono wong sak klurahan kene iki wani ro pakmu tuo iki,jo maneh ro aku ro mbokmu tuo ae do wedi, luweh pait seko aku mbokmu tuo kae idune,jer wong wadon iku cendek wiwitane duwur wekasane...

aku =gak percoyo aku,tak celuke pakde giman..

Pakwo = gk usah neko2 balek dene.. !

Gak tk gubris pakwo tk tinggal goleki pakde giman,sek omahe muk 4 omah seko gone pakwo,pak de giman lagi mepe kacang nang ngarepan tk celuki...

Aku= pakde isoh ditinggal dilit gk lemepe penting melok aku..?    

Pakde giman = ono opo gir..?   

Aku = penting iki gelot ayo melok aku.. 

Gak nunggu jawaban tak tinggal mlaku marani mbahku maneh tak toleh pakde giman ngetotke...

Pakde giman = sopo sek gelut gir..?  

Pakde giman takok sbb delok muk ono aku lan pakwo ku..  

Aku = pean ditantang pakwoku gelot jare pakwo pean wedi...

Pakde giman = gemblung we ki gir,mbahmu iku patak warake wonosari,seko thun 1915 wes diwedeni seko bayan tekan tumenggung ngawur kowe ki.. Koyone mbahmu iku tuek oklek-oklek nek didelok gae moto nek le delok gae irung mowo wiso iku seko ambune..

Aku = cekake pean gk wani to dhe..?   

Pakde giman = kabeh uwong ki duwe wani,tapi yo ora ngawur,wes reti bakal ciloko yo di singkiri nek isoh ojo malah mapak molo,slamet iku diupadi  lan digoleki.. Bener ora mbah...?  

Pakwo = ha embuh man,sak retiku slamet orane gari le ngrasake,mesti disamber bledek nek le ngrasake koyo adus banyu anget yo slamet.,


































Komentar

Postingan populer dari blog ini

KITAB SEMAR

Sang Hyang dan Dewa

KITAB SASTROCHETHO WADININGRAT